PRANATACARA
Pengertian
Prantacara
yaiku wong kang ngatur mlakune utawa nggawakake sebuah acara utawi kang biasa
disebut pembawa acara.
Syarat
- Olah Swara (Teknik Vocal)
+ Aksentuasi
( accentuation) utawa logat
= Suara pranatacara ora oleh kecampur karo logat daerahe, mesti
nganggo bahasa Jawa sing baku. Ing Bahasa Jawa sing dianggep baku yaiku
logat/dialeg Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat.
+ Artikulasi
(articulation) utawa pacopan
=
Pranatacara kudu bisa ngucapake kalimat lan pelafalan kata ingkang jelas lan
tegas, ora bindheng.
+ Nafas
(breath) utawa prana
= Pranatacara
kudu bisa ngatur nafase supaya opo sing diucapna iso kedenger jelas lan bener
maknane.
+ Intonasi
(intonation)
= Intonasi
iki banget pentinge ing pengucapan pranatacara. Pranatacara kudu bisa ngatur cepet-alone
ucapan lan jedane serta banter-indike suara.
+ Empati
utawa Kajiwa
= Suara
kang diucapake pranatacara kudu bisa menjiwani suasana acara kang digawakake.
+ Infleksi
utawa Lagu Kalimat
= Pranatacara
kudu bisa ngatur ucapane supaya ora datar. Ucapane mau kudu bisa dibedakake opo
iku lanjut opo mandek.
- Olah Raga lan Busana (Tampilan)
+ Magatra
= Awak,
wajah, dandanan, lan busana pranatacara kudu cocok karo pranatacara lan
acarane.
+ Malaksana
= Cara
mlakune pranatacara iku kudu luwes.
+ Mawastha
= Pranatacara
kudu ngadeg jejeg lan tegak.
+ Maraga
= Pranatacara
kudu bersikap tenang nggawakake acarane.
+ Malaghawa
= Saben
gerakane pranatacara kudu luwes, ora kecepeten lan ora kealonen.
+ Matanggap
= Pranatacara
kudu tanggap marang suasana acara sing digawakake. Jika suasanane tenang lan
khusyu’ kudu melu tenang lan khusyu’, jika suasanane gembira bisa nambah
kegembiraan.
+ Mawwat
= Pranatacara
kudu bisa nyelesaikan acara nganti mantep kaya sing dikarepake penyelenggara
acara.
- Olah Bahasa
Pranatacara
kudu bisa nganggo bahasa Jawa nganti bener lan trep marang unggah-ungguh bahasa
Jawa. Bahasa Jawa duweni tingkatan bahasa kayata basa krama, madya, lan ngoko.
Pranatacara kudu menguasai setiap tingkatan bahasa mau lan kudu bisa migunakake
ing acara lan suasanane sing trep.
- Olah Pangrengga Swara (Sound System)
Kemajuan
teknologi zaman saiki bisa mbantu pranatacara supaya bisa luwih apik nggawakna
acarane. Suara kang apik bisa dadi luwih apik lan bisa juga acarane mau
ditambahi nganggo lagu/musik supaya luwih seru lan ora mboseni.
- Papan (Tempat)
Papan/tempat
pranatacara kudu diatur sak apik-apike. Papan kang paling pas kanggo
pranatacara yaiku panggonan sing pranatacara bisa mirsani kabeh tamu lan kabeh
panggonan acara ingkang jelas, serta cedak karo panitia acara lan sound system
supaya bisa ngerti lan ngatur mlakune acara saka awal nganti akhir.
- Pawiyatan (Pendidikan)
Dadi
pranatacara kang bagus bisa dipelajari ing pendidikan formal lan non formal.
Pendidikan formal bisa ditempuh saka sekolah lan kuliah, sedangkan pendidikan non
formal bisa dipelajari ing luar sekolah kayata belajar langsung ing tempat
acara diadakan.
- Mental
Dadi
pranatacara kudu duweni mental baja. Jika pranatacara mentali ciut, bisa
ngrusak suasanane acara.
- Disiplin
Pranatacara
kudu bisa ngatur mlakune acara sesuai sing dikarepake penyelenggara acara.
Kode Etik
- Jika
diaturi penyelenggara acara, mesti ora nolak. Jika nolak kudu secara sopan,
halus, lan ati-ati, opo meneh jika nyangkut masalah permintaan sambatan alias
sukarela tanpa dibayar.
- Kudu bisa meyakinkan penyelenggara acara supaya
mantep milih awake. Nanging pranatacara ora oleh sombong ngomongake kemampuane
sak hurunge ngelaksanakake tugase.
- Kudu selalu siap ngelaksanakake tugas.
- Jika takon seputar acara (waktu, panggonan) mesti
takon sing jelas supaya ora salah paham.
- Ojo nagnti njalok dipetuk, kecuali jika acarane
terlalu mepet.
- Ojo takon hal-hal kang sifate pribadi.
- Ojo nyebut merek sound system.
- Usahakna teka sak hurunge acara diwiwiti.
Maaf kalau bahasanya kurang baku...
ReplyDeleteMinta kritik dan sarannya...
Terimakasih...
Membantu sekali untuk yang mawastha jika dalam bahasa indonesia.Terima kasih
ReplyDelete